Rabu, 20 Maret 2013

SPENDHA GAL



SMP NEGRI 2 TEGAL

            Aku sekolah neng SMP N 2 Tegal, salah siji SMP favorit neng kotaku. Lokasine neng Jalan Mentri Supeno No.3 Tegal. SMP N 2 Tegal kuwe contoh “Model Sekolah Sehat” neng kota Tegal. Ya ora heran yen sekolahe rapih lan bersih. Ora Cuma murid-muride sing njaga kebersihan sekolah, kabeh warga SMP N 2 Tegal njaga kebersihan. Sering diadake kerja bakti eben sekolahe bersih lan rapih. Tapi sayange akhir-akhir kiye SMP N 2 Tegal mulai ora rapih lan bersih meneh kaya lagi kae. Sebabe para siswane padha males piket, mbuang sampah sembarangan, tembok-tembok ya ora luput dadi sasarane para murid nggo dicorat-coret sakkepenake ati , lan akeh meneh sing ndadekake SMP N 2 Tegal ora rapih lan bersih kaya lagi kae.
          Aku ngarepake semoga SMP N 2 Tegal bisa kaya gemiyen meneh dadi “Model Sekolah Sehat”.  Yen bersih lan rapih kan enak. Suasana belajar siswa dadi nyaman, ayem, lan tentrem.





WINA REFSI EKA PUTRI
IX E - 018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar