UJIAN TAHUN 2013
Tahun 2013 memang dadi tahun sing gawe ati dag
dig dug, sebabe tahun iki aku lan kanca-kanca pan nglakoni Ujian Nasional. Ora
kaya tahun-tahun sedurunge, tahun kiye soale “dipersulit” alias tambah angel.
Sing biasane ujian mung 5 paket, tahun kiye ditambah dadi 25 paket! Dikongkon
mbayangna be wis mules dewek wetenge aku, tapi ya pan apa maning kuwe wis
ketetapan saka pemerintah pusat. Awale aku karo kanca-kanca rada kaget krungu
ujiane 25 paket, tapi aku karo kanca-kanca ora patah semangat. Saiki wis ora
mikiri lirik kanan kiri nduwur ngisor ngetan ngulon ngalor ngidul. Kudu focus
dewek-dewek. Insyaalah tahun kiye siswa-siswi SMP N2 Tegal lulus 100%.
WINA REFSI EKA PUTRI
IX E – 018
Tidak ada komentar:
Posting Komentar