Minggu, 10 Maret 2013

TEH POCI KARO TAHU ACI TEGAL


TEH POCI KARO TAHU ACI TEGAL




Angger ning tegal sore-sore kaya kiye paling enak nyruput teh poci karo mangan tahu aci Khas Tegal. Teh Tegal (sing lewih dikenal karo jeneng teh poci; uga teh Slawi) nduwe aroma karo rasa sing khas, mulane wong - wong ning tegal utawa luar tegal pada seneng karo rasa teh poci sing WASGITEL (Wangi,Panas,Legi,Kentel). Teh poci kuwe sederhana nemen soale cara nyajiknane kuwe nganggo poci sing di gawe saka tanah liat karo di tambahi gula batu. Ternyata sing nggawe teh poci duwe rasa sing khas kuwe gara – gara pocine, soale jarene wong - wong teh kuwi ora sedep angger  cara nyajiknane ora nganggo pocine. Teh poci kiye nganggo jenis teh hitam sing duwe aroma wangi karo duwe rasa - rasa sepet sing enak. Ngombe teh jadi gencar sing jamane kolonial tekan saiki uga uwis dadi budaya lokal.

 Tahu aci atau sing biasa disebut tahu petok tegal kuwe di gawe saka tahu kuning sing di belah dadi loro terus ning tengah - tengahe ditempeli aci. Aci di gawe saka tepung tapioka sing wis di campur bumbu karo godong kucai. Tahu aci tegal kuwi rasane enak nemen, apa maning angger di pangan karo cabe rawit. Rasane rada asin tapi angger sekali mangan pasti ketagihan mangan maning wis. Jare wong- wong tegal, tahu aci kuwe termasuke panganan cemilan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar